Janaka

Janaka

Sabtu, 23 Januari 2010

PANYANDRA

Panyandra yaiku unen – unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra baba becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam lsp.
Tembung candra bisa mengku teges :
1. Rembulan ( Planet )
2. Sasi ( Petungan Wektu )
3. Gegambaran utawa crita ngenani samubarang apa wae mawa tembung maneka warna.
Panyandra bisa kaperang dadi :
A. CANDRANENG MANUNGSA ( PERANGANENG AWAK )
 - Irunge ngudhup mlathi ( ngrunggih )
 - Pipine nduren sajuring
 - Alise nanggal sepisan
 - Adepe tumengeng tawang
 - Untune mijil timun
 - Bangkeane nawon kemit
 - Lengene nggendhewa pinethang
 - Drijine mucuk eri
B. CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE )
 - Lakune kaya macan luwe
 - Pangamuke kaya bantheng ketaton
 - Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi
 - Lambeane mblarak sempal
C. CANDRANENG WONG NESU
 - Talingan sir sinebit
 - Idep mangada – ada
 - Angga mubal dahana
D. CANDRANENG WONG NESU
 - Eka padmi sari
 - Dwi amartani
 - Tri kawula busana
 - Catur wanara rukem
 - Nawa gra lupa
 - Panca sura panggah
 - Dasa yaksa wangke
E. CANDRANING MANGSA ( KAANANING ALAM )
1. Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa
Tegese : Wiwit wit – witan padha brindhil
2. Bantala rengka = candrane mangsa karo
Tagese : lemah – lemah padha nela ( mlethek )
3. Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu
Tegese : wit gembili ( gadhung ) padha mrambat.
4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat
Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet )
5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima
Tegese : wiwit akeh udan
6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem
Tegese : ungsum who – wohan mirasa
7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu
Tegese : akeh lelara
8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu
Tegese : mangsane kucing gandhik
9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo
Tegese : mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
10. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh
Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok
11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada
Tegese : mangsane manuk gloloh
12. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta
Tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem
F. CANDRANE SATRIYA BAGUS
Satriya ing madukara Raden Janaka ( Arjuna ) iya sang pamadya padha – padha satriya wasis lan waskitha, tata, titi, titis, lan trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apapak, bisa manjing ajur jejer, bisa mrojol ing akarep pratandha satriya gentur tapane, karep nenepi ing guwa kang sirung, nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng marang pandenge, mring luhure dhiri datan wigih ing lara, wani marang patijroning ngaurip.

4 komentar:

  1. If you're attempting to lose pounds then you have to jump on this brand new custom keto meal plan diet.

    To create this keto diet, certified nutritionists, fitness couches, and professional cooks united to produce keto meal plans that are efficient, convenient, cost-efficient, and satisfying.

    Since their first launch in early 2019, thousands of clients have already remodeled their body and health with the benefits a professional keto meal plan diet can provide.

    Speaking of benefits; clicking this link, you'll discover eight scientifically-certified ones provided by the keto meal plan diet.

    BalasHapus